Rabu, 26 Februari 2014

Cerkak Basa Jawa "Ireng Bunder"

Haii.. kali ini aku mau share cerkak Bahasa Jawa buatanku nih.. :) Maaf, kalau bahasanya sedikit aneh :) Okay, selamat membaca :) 

Ireng Bunder

Karya : Misaki Nurabrahannissa Giri Ayu


            Ireng, bunder, cilik, ing pojok ruangan. Kadhang kala urip, kadhang kala mati. Kadhang kala muter, kadhang kala mung meneng. Mungkin kuwi definisi saka alat sing dijenengi CCTV. Saking gapteke aku,awale CCTV tak kira artine  “Sisi TV” utawa sandhinge TV. Ndilalah, artine dudu kuwi, tapi artine CCTV iku Closed Circuit Television.
            Dina Senen wingi, si Wati ngomong, jarene sekolahe awakdewe arep dipasangi CCTV, sing jarene kanggo ngawasi kegiyatan para siswa ing kelas. Tapi, ana sing ngomong CCTV sing arep dipasang ing kelas, kanggo ngawasi yen ana kemalingan. Jarene si Wati, kelase mulai dipasangi CCTV ing bulan Agustus. Kelasku entuk bagian mburi-mburi sing dipasangi CCTV, amarga le masangi CCTV urut saka kelas pitu.
            Esuke, pas aku mlebu kelas, kanca-kancaku uwis padha mbingungi dhewe-dhewe, “Eh eh..kae kabel sawa apa kae” , “Woiyoo ee..dawa tenan ik !!”, “Arep ana telepon umum po piye??”, “Haa?? Telepon umum?? Ngelindur po piye?? Jaman kaya ngene telepon umum wis ora laku, saiki jamane padha nganggo HP.”, “Yo sorry, aku kan yo mung ngawur to..”, “Iyo iyo..tapi jarene arep ana kamera mubeng kae lho..”. Aku mung iso meneng karo nahan ngguyu ing panggonku, amarga pacelathone kancaku lucu banget. Gara-gara ora tahan, aku langsung nyambung-nyambung wae, “Kok kamera mubeng to?? Ora salah iki?? Ketoke sih jenenge CCTV lho yo nek durung ganti”, “Ooo..jenengen CCTV to, aku kan yo ora ngerti to sing kaya ngono kuwi, tapi kan tetep mubeng-mubeng to?? Hehehe..”, “Iyo sihh..tapi kan jenenge dudu kamera mubeng to..”, “Hehehe..aku yo mung guyon kok.”, aku mung iso nahan ngguyu gara-gara mau.
            Bel lagi wae muni, tandhane pelajaran Basa Jawa wis mulai. Pak guru Basa Jawa ngumumke yen minggu ngarep uwis UTS. Kabeh kancaku sak kelas lansung rame, lan mbingungi amarga pengumumane pak guru mau. Ana sing lagi ngomongke rencana UTS saka sekolah mau karo takon-takon materi ing pak guru Basa Jawa, tapi ya ana sing nggunakake kesempatan kuwi mau kanggo rame lan ngomongake hal ing njobo pelajaran Basa Jawa. Amarga ramene uwis kaya pasar, pak guru mau banjur ngandani murid sak kelas, “Ealah..ramene kok uwis kaya pasar, mbok yo uwis, yen kowe-kowe kuwi padha sinau, mesti iso nggarap soal. Sing mesti kudu jujur lho ya, soale yen kuwi nganthi nyontek, mesti ketok saka CCTV ing pojok kelas kae (karo nunjuk CCTV ing pojok kelas). Mula aja ana sing nyontek yo nduk, le, percaya karo jawabane dhewe-dhewe.”.
            Guru pengawas uwis padha teko, mbagekake soal lan LJK. Pas aku mengo memburi, aku ndelok ora ana kancaku sing nyontek meneh, kabeh uwis pada “insyaf” amarga wedi karo CCTV sing dipasang ing kabeh ruangan, tapi firasatku salah pas ndelok sandhingku lagi nyekeli kertas sing isine tulisan kang runtut. Firasatku bener, pas lagi nggarap soal kancaku sithik-sithik mbuka kertas mau, lan langsung mbunderi jawaban ing LJK. Aku ora wani ngadu ing guru pengawas, amarga aku ngerti ana CCTV sing mesti jujur.
            Pas arep mulih, speaker kelas muni, “Ehh..kok speaker kelase muni?? Arep ana pengumuman opo iki??”, “Mbuh kuwi, ora biasane”. Ora suwe bar kancaku ngobrol mau, pak guru ngumumke, “Bagi siswa yang bernama Parjo Budianto kelas 9G, ditunggu oleh bapak/ibu guru diruang BK.”. Parjo bingung ngapa deweke dijeluk karo pak guru, tapi firasatku ngomong gara-gara deweke nyontek pas ulangan mau.
            Aku nunggoni Parjo ing njobo ruang BK. Bener, Parjo dijeluk BK amarga deweke nyontek pas ulangan, “Yo sing sabar yo, mula sesuk rasah nyontek, percaya karo jawaban saka otakmu dewe, trus kowe ora dihukum to??”, “Ora, tapi yen aku nyontek sepisan meneh, aku ora kena melu UTS.”, “Ooo..mbangane nyontek, mending yen sore kowe neng omahku wae”, “Tenanan iki?? Matur nuwun yo, kowe pancen kancaku”.
            

Tidak ada komentar:

Posting Komentar